Selasa, 25 Juli 2017

JURAGAN KUTANG SING KONDANG
Omset 7 M
Bisnis Modelnya Bagaimana ya...😀😀

-Target Marketnya Jelas
-Segmen Yg di bidik Spesifik
-Kalkulasi Potensi Pasarnya Cermat
-Menguasai Produk knowledge
-Brandingnya Mantap
-Persisten (ngotot)
-Rai GEDEK
😂😂

Kopas dari wall mas Aim Aimma dan an mas Dinar Wahyu Wibowo

"Wali Kotang"
.
Jeneng asline Agung Prasertyo ning luwih dikenal Agung BH (Buste Houder) sak kota Solo khusus ing Pasar Klewer mesti kenal juragan pakaian dalam sing duweni produksi lan toko grosir BH sing paling kaloka, karyawane wae luwih saka 130 wong omsete sewulan nate tumekan 7 milyaran saka 16 toko BH-ne.

JURAGAN KUTANG SING KONDANG  Omset 7 M

Sapa ngira juragan BH kuwi biyene kondektur Bis suwene 11 taun meh kabeh bis dikondekturi kaya “Mulyo Indah, Karya Jaya, Sumber Kencono, Mandala, Langsung Jaya, Panorama Indah, Jaya Utama.

Lha ngapa kok banting stir nekuni bisnis BH. ceritane mengkene lagi delog-delog mikirke nasipe sing dadi kondektur budal esuk mulih bengi awak longkrah, pikire dadi kernet lan kondektur bis kuwi : "Yen mangan kaya ratu, yen turu kaya asu” karepe yen mangan mesti bergizi enak-enak ning yen turu sak enggon-enggon koyo asu kae.

Pas ngalamun, weruh memehan pating slampir sing akeh kok kutang lan celana dalam, mak gragab tekan ngomah njur takon nyang sing wedok : "Bu wong wedok kuwi sedino salin BH ping pira kok akeh memehan isine BH mbe celana dalam" mestine bojone ya mak plenggong kesambet nyang pakne iki ujuk-ujuk kok takon BH lan celan dalam. Ning saka sing wedok Agung oleh info menawa paling ora sedino wong wedok kuwi ganti BH lan celan dalam ping pindho.

Pikirane njur muter oleh inspirasi peluang usaha anyar yen sedino ping pindho paling ora seminggu ping 14 pasang sakben wong wedok kudu duwe BH sak omah duwe batih wedok telu 14 x 3 lha yen sak RT, sak desa sak kecamatan njur perlu BH pira?

Sakwise kuwi Agung BH banting stir genep 11 taun dari awak bis ing taun 2009 leren pengin bisnis BH wae, simpenan sapine didol digawe modal kulakan BH ing Tanah Abang njur diiderne nyang Solo, Wonogori, Sukoharja lan Klewer. Wiwitane ya direwangi nibo nangi direwangi wani nanggung wirang barang lha wong lanang nenteng BH tekan ngendi-ngedi opo ra diwadani barang ;" kuwi mbokmenowo lagi nesu karo sing wedok BH-ne digawa minggat njur didol sak dalan-dalan.

Ning saiki kabukten tirakate oleh asil saiki duwe toko 16 lan industri BH lan Celana dalam nganggo merk dhewe. Nyang para langganane sing sumebar sak Indonesia malah tekan mancanegara Agung BH diangkat dadi "WALI KOTANG"

Mulo ojo seneng maido yen ana wong nyleneh mbok menawa pancen lagi dadi lakon. Wani ngubah nasib pancen kudu wani nyleneh, wani ngedan. LHA SLIRAMU WANI LAKU KOYO AGUNG BH ora yen pengin sukses kaya dheweke?

Sangat mengispirasi.

0 comments:

Posting Komentar